Contoh Teks Cerkak Bahasa Jawa

Baca juga


Contoh Teks Cerkak Bahasa Jawa


 Kekancan Ajur Amarga Tresno.
   Tresno iku kadang gawe wong ora kegugah atine. Amarga tresno, adewe biasa ngerelakno opo sing wis adewe nduweni. Dadi ojo terlalu ngarep dening wong sing durung mesti tresno marang adewe, mengko malah marai atine dewe tambah ajur mumur
   Jenengku Dinda, aku kelas 10 ing salah siji sekolahan nde kediri. Mbiyen aku mesti nolak lan ngacuhne wong sing tresno marang aku. Aku saiki tresno marang Wildan kanca sekelasku, Wildan karo aku wes sui kenal. Wildan iku arek e andhap asor, mangkane kui aku seneng pas kenal terus kekancan nganti cidek lan akhire aku tresno ing Wildan. Aku yo ndue kanca jenenge Ardia, Ardia iku kancaku tekan SMP, arek e iku apik, sabar lan alus tembunge. Aku, Ardia lan Wildan iku kekancan cidek tekan melbu SMA. 
   Ing sawijine dino aku nyawang Ardia lan Wildan guyon bareng lan polah tingkah e kaya wong pacaran. Jujur ae aku cemburu yen nyawang, tapi isih tak delekno marang Ardia. Tapi akhire aku mutusne cerita marang Ardia. 
“ Arr, aku arepe cerita menyang awakmu, tapi ojo mok omongne sopo sopo” omonge Dinda. 
“ cerita opo to emang e? “ takon e Ardia. 
“ jujur wae aku iku asline tresno marang Wildan wes sui, lan aku cemburu yen awakmu cidek marang Wildan” jawabe Dinda. 
“awakmu tresno marang Wildan? Tenan e?” pitakon e Ardia. 
“iyo tapi awakmu ojo omong marang Wildan” jawabe Dinda. 
“Iyo, sepurane yo Din wes ngabangke kuping lan gawe cemburu nde awakmu” omonge Ardia. 
“iyo Ar, ogak opo opo adewe kan uwes kekancan sui to” jawab e Dinda. 
   Aku sui sui tambah cidek karo Wildan lan aku uwes angel ngelalikno Wildan. Aku mikir yen Wildan gak bakal tresno marang aku, tapi aku wong e gilig tekade yen masalah wong seng tak tresnoni. Ora sui tak sadari, tibak e Ardia yo tresno marang Wildan. Aku ngerti pas aku ora sengojo bukak buku ne Ardia, nde buku kui Ardia cerito masalah perasaan e marang Wildan. 
   Sewise moco isi buku ne Ardia iku, atiku koyok campur aduk lan rodok kuciwa amarga kanca ku dewe yo tresno marang Wildan. Tapi banjur aku yo mikir rasa tresno iku iso tekan sopo wae lan wong iyo ndue hak rasa tresno iku menyang sopo wae, salah sijine Wildan. Tapi aku uga panggah merjuangke rasa tresno ku marang Wildan, masio harapan e cilik. 
   Isuk e nde taman sekolah, aku nyawang Ardia lan Wildan omong-omongan, tapi omong-omongane koyok bedo lan koyok tenanan. Aku penasaran lan akhire nguping ing walik e uwit. 
“Ar aku tresno marang awakmu, gelem ora dadi pacarku?” pitakon e Wildan. 
   Ardia ketok kaget lan bingung arep jawab opo. Tapi akhire Ardia gelem nompo Wildan dadi pacare tanpa mikirne perasaan kancane dewe. 
“Iyo aku gelem Wil” jawabane Ardia. 
   Aku kaget ngrungokne jawabane Ardia nde mburine uwit. Tanpa mikir maneh aku metu tekan mburi uwit lan marani Ardia lan Wildan seng lungguh nde bangku taman sekolah. 
“Ar, awakmu pacaran karo Wildan? Selamet yo uwes gawe aku loro ati”
Ardia lan Wildan kaget nyawang aku moro teko mburine uwit lan ngomong ngono. 
“Sepurane Din, tapi aku yo tresno marang Wildan”
“yowes lah, sembarang Ar” jawabe Dinda. 
   Aku banjur ninggalno Ardia lan Wildan.  Perasaanku campur aduk oga karuan. Aku bingung nyapo kanca cidek ku dewe tego koyok ngono marang aku. Padahal Ardia ngerteni yen aku uwes tresno ket ndisik marang Wildan. Tapi aku yo panggah sabar drana nompo opo anane yen kenyataane aku ora oleh atine Wildan tapi malah Ardia,  lan aku yo mengerteni ket awal Wildan koyok ora tresno marang aku tapi aku panggah ngeyel merjuangne, saiki aku oleh larane dewe saka opo seng tak lakoni. 
 Kekancan iso ajur ngunu wae amarga tresno. Utamakno kancamu timbange pacarmu garai uwong sing bakal enek pas awakmu seneng lan susah iku kanca cidekmu. Kekancan sui bakal iso ajur amarga masalah tresno. 



Sekian dulu untuk artikel Contoh Teks Cerkak Bahasa Jawa kali ini, mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk kalian semua. baiklah, sampai jumpa di postingan artikel lainnya.

Anda sekarang membaca artikel Contoh Teks Cerkak Bahasa Jawa dengan alamat link https://inovstudy.blogspot.com/2020/08/contoh-teks-cerkak-bahasa-jawa.html


EmoticonEmoticon